Thursday, March 31, 2011

KIDUNG PANCASILA (EDIOSI IX/030311)

JAYA! RAHAYU WIDADA MULYA



Para Kadang Sutresna Ingkang Dahat Kita Mulaayken, punten dalem sewu keparenga kawula nerasaken sajian KIDUNG PANCASILA. Semestinya mengupas BAG IV namun justru sampun kawula beberaken ngajeng babagan "PENJABARAN SILA2 PANCASILA".

BAGIAN V
JAMAN BENDU {KALI YUGA, ADUKHAAN (KABUT),
JAMAN BESI, JAMAN KEGELAPAN}.

A.PENGKHINATAN PARA ELIT POLITIK (MPR 1999 – 2002)
DHANDHANG GULA

1. Bangsa lan nagri kita puniki
Pan sampun samya khianat marang
Berkat lan rakhmad GUSTI – ne
Lan ugi amanatipun
Pra pendiri bangsa nireki
Lan amanat Bung Karno
JASMERAH pun kubur
Pancasila – Persatuan
Padamu kutitipkan bangsa lan nagri
Sedaya kalirwakna

2. KETUHANAN pun gantos agami
Nagri Kesatuan dya Federal
Kanthi OTDA lan OTSUS –e
Dadya sah – baseh – busuk
Hikmah kebijaksanaan ji
Tan kaesti sanyata
Konspirasi wuwuh
Mung ngudi “Kekuasaan”
Perwakilan unsure bangsa sampun mati
Pan Parpol kang daulat

3. Akibatnya nagri gonjang – ganjing
Lir tan ana ngukum ing nagara
Salang tunjang rebut inggil
Kecalan budi luhur
Anggoda lan Gayus dados palupi
Mapioso peradilan
Pajak saha sewu
Macemna kang mahambara
Ing ngukuman bisa plesir luar negri
Tan gigrik mring manggala

4. Birokrat – Kejaksaan – Polisi
Hakim – politisi lan advokad
Sedaya samya kajiret
Wit kalimput mring “DOKU”
Mafia ‘di panglima neki
Janji “ESBEYE”muspra
‘Lah sekti mring GAYUS
Kang nami Sony Laksana (Laksono)
Ping Sewidak - ma mlebu metu sel - neki
Brimob wae tan kwasa
PANGKUR

5. Dhuh GUSTI KANG MAHA KWASA
Katampia sujud kawula sami
Sungkem kula mring Leluhur
Pangestu kaparingna
Nggenya nindakken warisanipun
Sari patining agama
Kang samya kasih lan cinta

6. Dhuh GUSTI PANGERAN hamba
Sembah nuwun paringipun astuti
Hidayah lan inayah – IPUN
Binabar ing agama
Samawi : Islam,Kristen, Katulik ,Hindu
Penghayat Kepercayaan
Rinengga IBU PERTIWI

7. Ratusan ragam bahasa
Adat – istiadat luhung ing budi
Bersuku – suku rasipun
Bhinneka tunggal ika
Tan hana dhrama mangrwa semboyanipun
Saling asih, asuh, asah
Wewangian sanagari

8.Perannya PUTRA SANG PAJAR
Anetepi dharmaning ngaurip
Nggali ajaran Leluhur
Sinebut PANCASILA
Ing Jumat Wage ari wiyosanipun
Siji Juni Papat Lima
Estu Nugrahaning GUSTI

5. Wus pinasthi dados bidan
Nglahiraken pan dhasaring nagari
Palsapah pandangan hidup
Tan lia PANCASILA
Mrih INDONESIA karta raharja tulus
Sedaya warga Negara
Kersoa samya angesti

9. KETUHANAN MAHA ESA
Ro, Rasa – Rumangsa Manungsa Jati
Lu, Persatuan kang ginelut
Kerakyatan kapatnya
Keadilan sosial sedayanipun
Werit lungit kang sanyata
Kang trep dados pilosop

10. Bung Karno kang pinercaya
Pinangka Utusaning SANG HYANG WIDHI
PROKLAMATOR PEMERSATU
Warisan NUSANTARA
Kang tresna sih mahabah mring rakytipun
Datan darbe bondho donya
Ngrungkebi satria jati.

11.NUSANTARA mahardika
Mundut para satria kang utami
Pangorbanira SANG IBU
Ingkang kalunta – lunta
Kamunasika mring nagri sanesipun
Wit nerjang dhasar Nagara
PANCASILA tan kaesti

12. Kersoa mulat salira
Gya nglenggana mring lepat kita sami
Nalisir PANCASILA Gung
Jumawa penataran
Eka Prasetya Panca Karsa winantu
Anatar Bab KETUHANAN
Mahkluk anatar SANG KHALIG

13. Bangsa Nagri lepat dosa
Nglirwaaken angger – angering nagri
Kalibeng bebendu – NIPUN
GUSTI KANG MAHA KWASA
Krisis multi dimensi tebusanipun
Manungsa ngumbar napsunya
Sarwi anarki lakunya

14. Nagari kita sampun bubar
Wit tan boya ngagem PANCASILA sih
Pan Hanamung dados gincu
Sru Melas nagri kita
Kang dados Nagri Mapia – Antah brantuh
Samya sung bohong kewala
Nglirwakken dawuh SANG TAYA

15. Gonjang – ganjing Pamrintahan
Kawula samya sengsara mring urip
Kathah inkang samya lampus
Datan saged anedha
Pra manggala samya muja napsunipun
Nir enget bendu SANG TAYA
ALAM kang sarwa sih peling

16. Pra Pangarsa samya wuta
Najan “NAGRI HUKUM” tan dihayati
Kawon kaliyan pun GAYUS
Ngukum sujud mring ndika
Kanthi duwit sedaya saged pun atur
Hukum mung kagem pra SUDRA
Bedil – bedil tan pa guna

17. Eweng ngraosken kanyatan
Kasus Century, Anggoda, lan Polri
Kejaksaan kabeh mau
Uga KPK – MA
MK lan Kehakiman kena daharu
Kabeh TRIAS POLITIKA
Dadya sungsang bwana balik

18. Dhuh IBU nyuwun aksama
Sakeh lepatipun keng putra – putri
Ingga kucem asmanipun
Supe jati dirinya
Gya balik eling waspada lan mituhu
Anindaken PANCASILA
Kanthi bener pener suci

19. Dhuh GUSTI nyuwun aksama
Tinebihna bebendu PADUKA SIH
Samya buka wulang wuruk
AJARAN PANCASILA
Karseng Pikiran – Pangocab saha laku
Lelandhesan KETUHANAN
Tan kena gingsir lan lali

20. Iya iku kuncinira
Ing tembe sinebut Agama Budi
Kang jumbuh tan kesamaran
Pan sedaya agama
Kabeh Umat nyembah GUSTI –nya SATU
Tan ngapirken mring liyan
Sawus jumbuh KERSA GUSTI.


B.KIDUNG TOLAK BALAK

Dengan di dahului Bawa boleh pupuh Pangkur ataupun Dhandhang Gula
PANGKUR :
Dhuh Dhuh GUSTI MAHA KWASA
Katampia sujud kawula sami
Sungkem wayah mring Leluhur
Anyuwun pangestunya
Mugia GUSTI paring aksamani - PUN
Nebihna goda rencana
Samya slamet lan basuki

TOLAK BALAK :
v Gunaning panolak iku
Ngedohken bebaya mangap
Tolak sawan bali dalan
Kabeh kala padha sumingkir
v Kala putih padha nyingkrih
Kala ireng padha meneng
Kala ijo padha mlongo
Kala abang padha nyimpang
v Sedulur papat Lima Pancer
Kakang Kawah 'Dhi Aeri – Ari
Getih putih saka Biyang
Getih Abang saka Biyung
v Iblis setan jin tan purun
Pagebluk bilahi nyingkir
Mula eling lan waspada
Murih sugeng ayem tentrem
v Puja – puji mring HYANG WIDHI
Padha gulangen ing kalbhu
Saling asih – asah – asuh
Ing sasmita amrih lantip
v Aja pijer mangan nendra
Sudanen dhahar lan guling
Puja sukur lan angidung
Nusa bangsa mrih raharja

v Rapalna NGA THA BA GA MA
NYA YA JA DHA PA kalihnya
Katelu LAWA SA TA DA
Pungkasan KA RA CA NA HA

Binatin RAJAH KALA CAKRA Cukup dirapal dalam batin – hening)
Ya ma raja – Jara maya
Ya marani – Niramaya
Yasilapa – Palasiya
Ya miroda – Daromiya
Ya midosa – Sadomiya
Ya da yuda – Dayu daya
Ya siyaca – Caya siya
Ya sihama – Maha siya
v Dhuh GUSTI SANG HYANG WIDHI
Kawula nyuwun aksama
Tetepna iman kawula 2X
Mrih slamet donya – akherat.2X

BERSAMBUNG

Sriwidada Putu Gedhe Wijaya
March 3 at 9:45pm · Unlike · Dislike · Report
You, Edi Estebe, Simon Sabawali and Hartin Elvi like this.

No comments:

Post a Comment